Omah
tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah
tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka simbol utawa
panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah joglo mung
diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo butuhake material kang
akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana
bagian kang digunaake nampa tamu kang akih. Nanging Ing jaman saiki wis
arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman
saiki.
Omah iki duweni keunikan yaiku payone kang dhuwur lan duweni
soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang
wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku duweni payon
kang dhuwur kaya gunung.
Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian.
Bagian kaping siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo. Bagian
kapindo yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut
pringgitan. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang
keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiri, senthong
tengah, lan senthong kanan.
Pendhopo duweni fungsi kanggo namppa tamu. Struktur bangunan
pendhopo migunaake umpak kanggo alas soko, 4 soko guru (tiang utama)
duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 soko pengarak. Uga ana tumpang sari
yaiku susunan balik kang disangga soko guru. Biasane, tumpang sari ana
ing pendopo bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti
minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa,
tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.
Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung ‘serat’ tegese tulisan utawa karya,
‘wedha’ tegese wulangan utawa tuntunan, dene ‘tama’ duwe teges utama utawa
kautanan. Dadi wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi
pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wijid tembang macapat
pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan Kinanthi.
Paugerane Tembang Pangkur
➥ Guru gatrane ana 7
Tegese saben pada (bait) dumadi saka 7 gatra (baris).
➥ Guru wilangane 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Tegese Gatra kapisan dumadi saka wolung wanda (suku kata), gatra kapindho suwelas wanda, gatra ketelu wolung wondo, gatra kaping papat pitung wondo, gatra kaping lima rolas wondo, gatra kaping nem wolung wondo, lan gatra kaping pitu wolung wanda.
➥ Guru lagune yaiku a, i, u, a, u, a, i,
Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (A). Gatra kapindho dipungkasi swara (I), gatra kaping telu dipungkasi swara (U), gatra kaping papat dipungkasi swara (A), gatra kaping lima dipungkasi swara (U), gatra kaping nem dipungkasi swara (A), lan gatra kaping pitu dipungkasi swara (I).
Geguritan yaiku
salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang
diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra ,
bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
Geguritan uga kawujud saking
ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga
kasebut puisi.
B. Ciri - ciri geguritan
Ciri - ciri wonten ing geguritan
yaiku :
duweni
patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan ,
lan guru gatra
duweni
makna utawa arti ana ing lirik lirik e
duweni
bahasa ingkang endah lan mentes
Ing
teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep
tembang geguritan
C. Unsur - unsur intrinsik
Geguritan uga
duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur
intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
Tema
Bahasa
kang endah
Judul
Geguritan
Diksi
Citra
Purwakanthi
Amanat
kang ono ing jero ne geguritan
D. Jenis - jenising Geguritan
Geguritan miturut
kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
Jenis
Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
Jenis
Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
Jenis
Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran
E. Syarat syarat maca Geguritan
Wong moco geguritan ugo duweni
syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate
yaiku :
Wirama
--> Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
Wirasa
--> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
Wiraga
--> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
Wicara
--> lancar orak e moco geguritan
A.RINGKESAN PIWUCAL
Geguritan utawi guritan aslinipun saking tembung
lingga gurit, tegesipun :
1.Tulisan ingkang
awujud tatahan
2.Kidung utawi
tembang
Nggurit
tegesipun :
1.Ngarang tembang
utawi kidung, utawi rerepan
2. Nglakokaken tembang utawi kidung
Miturut
kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi
karangan kang pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagunipun boten ajeg. Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan
inggih menika iketaning basa ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal).
Wonten malih ingkang mastani tembung gegurit asalipun saking tembung gerita.
Tembung gerita lingganipun gita, tegesipun tembung utawi syair
geguritan jawi sakawit dipun panggihaken wonten ing tembang-tembang dolanan.
Samenika
wujud wohing kasusatran piisi warni-warni wujud dhapukanipun. Adhedasar
dhapukanipun ukara lan pangrakiting tembung, warni-warni araning geguritan
kados wonten ngandap menika:
Geguritan menika ngginakaken basa
jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra,
guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun
tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun
geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:
a. Cacahipun gatra mboten ajeg,
nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan
satunggalipun tetep sami
c. Dong-ding utawi guru lagunipun
sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih punika ngangge purwakanti
guru swara.
d. Sangajengipun
ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit”nanging
mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun
gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak.
Tuladha:
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji
2. Geguritan gagrak anyar
Geguritan gagrag
anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge aksara
latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritan gagrag anyar mboten
kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun
gegurit”, sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan,
pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged
dipunwastani puisi Jawa bebas.
C. Tuladha Geguritan
Sekolahku
Sekolahanku…
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku…
Diwulang dening Bapak-ibu Guru
Sekolahanku…
Sinau, maca buku
Ing Panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing
panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku
percaya…
Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
kareben ngesuk dadi wong kang aji
miguna tumprap bangsa lan nagari
pawarta yaiku informasi anyar utawa
informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, dilumantarke wujud cetak,
siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri)
kaya kasebut ing ngisor iki :
Tinemu
ing akal (penalaran logis).
Informasi
pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.
Struktur
basa trep.
Diksi
trep ora ambigu.
Narik
kawigaten.
Basa
kang nengsemake.
Kados sing wis
diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk
kayata:
Bentuk cetak
Bisa awujud
majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan
sanesipun.
Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki
pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta
menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa
JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang,
lan sak panunggalane.
Yen bentuk lisan
ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka
sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak
marang bapak, utawa sewalike.
2. Perangane
pawarta
Perangane pawarta ing antarane yaiku
:
a. Headline (judul/irah-irahan).
b. Deadline (batas
wektu).
c. Lead (teras
pawarta).
d. Body
language (surasane pawarta/bahasa tubuh).
3. Unsur-unsur
pawarta
Wondene unsur-unsur
ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan. Unsur-unsur
kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W (what,where,when,why,who) + 1H (how)
–(apa,ing ngendi,kapan,kenang apa,sapa,kepiye).
Apa = Kedadean apa
sing bakal dicawisake.
Sapa= Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan= Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye= Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa = Merga apa kedadean kasebut dumati.
Pawarta sing paling apik yaiku warta sing
nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau.
4. Sifat
pawarta
a. Aktual
(anyar).
b. Jarak
(adoh/cedhak).
c. Penting.
d. Akibat.
e. Congkrah/konflik.
f. Tintrim
(ketegangan).
g. Kemajuwane
inovasi utawa owah-owahan teknologi.
h. Emosi.
i. Humor.
j. Narik kawigaten
k. Cekak Aos
i. Jangkep / komplit
5. Nilai
pawarta
Ngenani nilai pawarta, ana pangerten
kang ngandharake patang nilai pawarta
(Syamsul M.Romli), yaiku :
a. Cepet,
yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa-bisane ngandharake sawijining
bab/prastawa kang anyar.
b. Nyata,
yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata,
panemu, lan pratelan sumber pawarta.
c. Penting,
yaiku sesambungan karo wong akeh.
d. Menarik,
yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane.
6. Etika
nulis pawarta
Objektif
Cover
both side.
7. Teknik
nulis pawarta
a. Pengorganisasian/ngumpulake
fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawan rembug), kedadeyan
langsung, utawa data-data tinulis.
b. Nemtokake
teras berita (lead).
c. Milih
tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja
molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsa.
d. Ngawiti
nulis kanthi jenjem lan temenan.
8. Tuladhane pawarta
Banjir Jakarta
Saakeh 1.000 omah neng Kelurahan kampung
Pulo, Kecamatan desa Melayu, Jatinegara, Jakarta wetan, ditempuh banjir nang
dina Minggu (28/11/2015) esuk. Saakeh 21 warga ngungsi neng posko pengungsi
paling cedhak. Sementara, turahe nguwawa neng lantai loro omahe dhewe-dhewe.
Lurah desa Melayu Bambang Pangestu ngungkapke,
saakeh 1.000 omah kuwi ana ing wolu RW sing ana neng kampung Pulo. Ana dene
kedhuwuran rai banyu neng omah kesebut kawruhan bervariasi. Titik terendah
yakni 20 sentimeter sementara titik paling jerone yakui 300 centimeter utawa 3
meter.
"Ana 1.528 kepala keluarga lan 3.787 wong sing
dadi korban. Ana 21 jiwa neng RT 11 RW 03 sing ngungsi neng Masjid
Attawabin," ujar Bambang ing pesan singkat, Minggu awan.
Bambang mbanjurke, elingan saka lawang banyu
Depok pirang-pirang ndina sadurunge, udan deres sing nempuh Ciawi, Jawa Barat
ngakibatake rai banyu neng lawang banyu Depok ningkat dadi 280 centimeter utawa
Siaga III (telu). Anyak iku ngendem area pekarangan neng desa Pulo gebug 04.00
WIB lan memoni puncake yakiku gebug 10.00 WIB.
Miturut Bambang, status desa Pulo sing nyat dadi
wilayah pasang-surut banyu neng kali Ciliwung ora dadi kepanikan wargane.
Kondisi kesebut, tembung Bambang, ora berpengaruh signifikan nang aktivitas
warga. Warga tetap nglakoke kemempengan sabaene.
"Nangiing awake dhewe ora oleh ceroboh.
Kabeh fasilitas, kaya ta tenaga medis, jamu-jamon lan liya-liya wis siap. Yen
panganan, warga isih bisa mangsak neng lantai loro," banjur Bambang.
Saiki, warga mung bisa pasrah nunggu banyu
surut. Neng sisi liya, warga desa sing arep direlokasi pamerentah Provinsi DKI
Jakarta kuwi uga ngarep-arep supaya cuaca cerah.