Gamelan ikusalah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli
saka Indonésia utamané
ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.
Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku
"gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku
saprangkat piranti
musik sing dienggo ngiringi tembang,
utawa ditabuh tanpa tembang minangka
klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing
saindenging tlatah Nusantara lan
saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan
tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana
ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan
duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural,
mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang
ngarani orkestra gamelan
Jawa. Ing buku kang
irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya
komparasikomparasi saka cahya rembulan lan
miliné banyu,
misterius kaya cahya rembulan
lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan
kalebu perangan ing kabudayan Jawa.
Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing
gamelan ana loro yaiku laras pélog lan
laras sléndra.
Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.
A. Pangerten
Gamelan
Gamelan yaiku seperangkat piranti
musik sing terdiri saka : Rebab, Kendang, Peking (Gamelan), Bonang, Bonang
panerus, Kenong lan Kethuk, Saron, Slenthem, Gender, Gong, Gambang, Siter,
Demung, lan Suling. Komponen utama piranti musik gamelan yaiku : pring, logam,
lan kayu. Masing-masing piranti nduweni guna dhewe jero pagelaran musik
gamelan.
Tembung Gamelan dhewe asale saka basa Jawa “gamel” sing nduwe arti nggebug / menabuh, dimeloni akhiran “an” sing dadekne dheweke dadi tembung benda. lagekne bebasan gamelan nduweni arti dadi siji kesijen piranti musik sing didolanke bareng.
Tembung Gamelan dhewe asale saka basa Jawa “gamel” sing nduwe arti nggebug / menabuh, dimeloni akhiran “an” sing dadekne dheweke dadi tembung benda. lagekne bebasan gamelan nduweni arti dadi siji kesijen piranti musik sing didolanke bareng.
B. Sejarah
Gamelan
Musik
gamelan duwé sajarah sing
tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara.
Utamané nalika kawanguné karajan-karajan
gedhé kaya karajan
Majapahit. Jaman Majapahit iki
piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang
banjur kagubah dening Sunan Bonang.
Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab,
[tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju
prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané
musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing
tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam.
Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi
gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran yaiku sléndra lan pélog.
Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha
slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik. Déné
pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E-
F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh.
Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, yaiku
gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet,
ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang
kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder
ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi
yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten
istilah gambèlan ingkang dados gamelan.
Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sedaya
Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika
nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan.
Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang kewan.
Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan
dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri,
ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu),
ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.
Gamelan
biyasané kanggo ngiringi tarian,
utawa seni pertunjukkan
kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan
biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon
jenengé waranggana.
Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan
kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan
kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah
sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan
yaiku ing Kraton
Yogyakarta. Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti.
Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis tuwa yaiku ing
panggonan bangsal liyané kang manggon rada
memburi.
Nalika
jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik
banget kanthi ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah, kayata:
1. Bali.
2. Sunda utawa Jawa Barat.
Bukti
otentik kang sepisanan babagan kahanan gamelan ditemokaké ing Candi
Borobudur, Magelang Jawa Tengah kang
ngadeg awit abad kaping 8.
Ing reliefé
katon maneka piranti kayata:
suling
bambu.
lonceng.
kendhang
(ing maneka ukuran).
kecapi.
instrument
kang ana dawai utawa senaré kang biasa digésék lan dipetik,
kalebu sithik gambaran babagan èlemèn instrumen logam.
Perkembangan sawisé kuwi, gamelan digunakaké kanggo ngiringi
pagelaran wayang lan tarian.
Kanthi akhiré ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé
lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis
gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé
gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang
ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan
sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia.
Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki ing jaman
Kerajaan Majapahit.
Ing pambedané karo musik India,
siji-sijiné dampak ke-India-an
ing musik gamelan
yaiku kepriyé cara nyanyikaké. Ing mitologi Jawa,
gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing
mangsa Saka, dewa kang
nguasai kabèh tanah Jawa,
kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu). Sang Hyang Guru pertamané
nyiptakaké gong kanggo
ngundhang para dewa.
Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong,
sawisé kuwi kabentuk set gamelan.
C. Jenis
Gamelan Miturut Larase
1. Gamelan
Laras Sléndro
Sléndro utawa saléndro iku
salah siji titilaras ing gamelan.
Saliyané sléndro, ana uga titilaras pélog.
Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndro béda karo titilaras pélog. Ing
slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndro duwé 5 nada ing
saben gembyang utawa oktaf, ya
iku 1 2 3 5 6. Kanggo gampangé asring dipadhakaké karo C-D E+ G A ing titi
laras kulonan. Siji lan sijiné nada nduwé béda interval swara sing cilik.
a. Asal-usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan sléndro wiwit ana
ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn sléndro ana
sesambungane karo Wangsa
Syailendra kang
naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané sléndro
karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
b. Notasi
Angka
|
Pangucap
|
Jeneng
|
1
|
ji (siji)
|
barang
|
2
|
ro (loro)
|
gulu
|
3
|
lu (telu)
|
dhadha
|
5
|
ma (lima)
|
lima
|
6
|
nem (enem)
|
nenem
|
c. Watak
lan pathet
Ing Bali, sléndro minangka kahanan sing sedhih,
amarga asring dianggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang
dadi nem, sanga, lan manyura. Urutan iki lumrahé kanggo pagelaran wayang
1) Pathet
nem
Lumrahé
ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dinggo ing swara kang cendhèk kanthi
adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet
liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer
tekan perang prampogan utawa perang gagal.
2) Pathet
sanga
Lumrahé
ditulis sléndro sanga. Ana kalané uga disebut barang miring. Pathet iki
adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog
pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti
wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké watara jam
24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetuné Bambang tekan perang kembang.
3) Pathet
manyura
Pathet
iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané,
pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog
barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah ésuk, wiwitané
wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang
tekan tancep kayon lan kanggo upacara-upacara mirunggan. Tembung Manyura
tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-ésuk.
2. Gamelan
Laras Pélog
Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan.
Saliyané Pelog, ana uga Slendra.
Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras
Pelog duwé 7 nada ya iku 1 2 3 4 5 6 7.
a. Asal-Usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa. Para empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas, laras Pelog iku kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa iku biyèn mung slendra.
b. Notasi
Angka
|
Pangucap
|
Jeneng
|
1
|
ji (siji)
|
panunggul
|
2
|
ro (loro)
|
gulu
|
3
|
lu (telu)
|
dhadha
|
4
|
pat (papat)
|
pélog
|
5
|
ma (lima)
|
lima
|
6
|
nem (enem)
|
nem
|
7
|
pi (pitu)
|
barang
|
c. Watak
lan Pathet
Ing Bali, Pélog minangka kahanan sing seneng,
amarga asring dienggo kanggo acara nikahan lan kanggo iringan Tari.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang
dadi Nem, Lima, lan Barang.
1) Pathet
Nem
Lumrahé
ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi
adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet
liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.
2) Pathet
Lima
Lumrahé
ditulis "Pelog Lima".Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1.
Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti
tengah wengi.
3) Pathet
Barang
Pathet
iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané,
pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra
Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi,
lan kanggo upacara-upacara mirunggan.
D. Aturan
Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan
sing wis pakem, antarané katata saka pirang-pirang rambahan (puteran) lan pathet utawa
jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa
rikat-rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan
mèlodiné wis diatur ning pérangan-pérangan sing saben-saben ketata saka 4 nada
(gatra). Saben-saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé, sing nuntun swara ya iku
rebab, sing nuntun irama diarani kendhang. Arané pemain sing nabuh gamelan iku
pengrawit, penayagan utawa nayagautawa wiyoga, sing nembang priya
arane wira-swara, sing wanita arané pesindèn utawa swarawati.
E. Piranti
gamelan
Piranti gamelan Jawa iku mèh
kabèh / lumrahé digawé saka tosan (logam)
antarané: wesi, tembaga campur rejasa (nikel), utawa perunggu,
mliginé wilahe.
Yèn grobogane utawa
rancakané umum saka kayu.
Bahan tambahan liya antarané pring, kulit (kanggo kendhang)
lan liyané. Piranti gamelan sing ora ana kandhutan tosan iku mung kendhang, gambang, rebab, suling, siter uga tabuhe.
Piranti gamelan bisa
dikelompo'ake dadi 4 pérangan ya iku :
1. Gongan
a. Kethuk
Kethuk iku salahsiji
perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing
fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang.
Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang.
b. Kempyang
Kempyang iku salahsiji
perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Kempyang iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara
ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk.
Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
c. Kenong
Kenong iku salahsiji
perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Bedha karo gong sing
digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara
ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk.
Ing kelompok perangkat gamelan sing
cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing
paling gedhe.
Ing kelompok perangkat gamelan
tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik
karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing rada unik.
d. Kempul
Kempul iku salah sijine
perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong.
Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang
kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.
Bentuké kaya gong nanging ukuran
luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum
kira-kira 45 cm.
Kempul ngeto'ake swara sing luwih
dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur
maneh.
e. Gong
Gong iku salah siji
piranti gamelan Jawa sing
ditabuh, digawé saka tosan lan
nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé,
digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran
gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk.
Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong. Gong
Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan.
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung,
kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing
tengah-tengah.
Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé
lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing
bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora
terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.
Prangkat musik tradhisional iki
saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.
f. Kecer
Kecèr iku salahsiji
piranti gamelan Jawa sing
digawe saka tosan.
Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik
modern. Ing musik modern
piranti iki biasa diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa, piranti iki dadi piranti utama
kanggo nggawe suasana rame lan meriah.
Carane ngeto'ake swara kecèr iki ana
sing diadu uga ana sing ditabuh. Kecèr iku kudu sepasang, siji ing ndhuwur,
sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor biasane wis disoake permanen, dadi
sing diayun iku sing ing ndhuwur. Sepasang kecèr iku diso'ake ing grobogan utawa
rancak sing wujude meh pada karo grobogan saron ning
luwih cilik sithik. Keto'e iki piranti gamelan sing paling brisik ning yen ora
ana swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing babak-babak lakon wayang tinentu.
2. Balungan
a. Demung
Saron demung utawa asring disebut
demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing
ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki jinis saron paling
gedhé ukuranè, sing paling cilik peking sing
tengah-tengah saron barung tembè demung.
Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung.
2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki
paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan ambanè 9 Cm.
Saron demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok saron.
b. Saron Barung
Saron barung iku salahsiji
perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki jinis saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung.
Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog barung lan slendro barung.
2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-beda. Wilah saron barung iki luwih
gedhe dibanding saron
panerus ning luwih cilik
dibanding saron demung.
Wilah sing luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron panerus uga
ana 7. Saron barung nduwe swara luwih dhuwur se oktaf dibanding saron demung.
Saron panerus iku salahsiji
perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Saron panerus iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi
ngisore. Ing laras slendro,
saron panerus diarani Peking.
Iki jinis saron sing paling cilik
saka bentuk balungan liyané
yaiku saron lan demung.
Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog panerus lan slendro panerus.
2 jinis piranti panerus iki nduwé laras béda-béda.
Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané, sing apik digawe saka
sungu kebo.
Wilah saron panerus iki luwih cilik
tinimbang saron barung lan demung nanging
wilahé luwih kandel. Wilah sing luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik.
Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4
cm.
Saron panerus nduwé swara luwih
dhuwur sak oktaf dibandingaké karo saron
barung.
Cara nabuh saron panerus kuwi béda
karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel loro saka tabuhan saron lan
demung.
d. Slenthem
Slenthem iku salah siji
piranti gamelan Jawa sing
ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon sing fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung
utawa silinder kanggo ngetokaké gema swarané.
Miturut konstruksiné, slenthem iku
kalebu kaluwarga gendér;
utawa dijenengi gendér panembung.
Nanging slenthem duweni bilah padha karo bilah saron;
Slenthem oktafé paling ngisor yen ing klompok instrumen saron.
Kaya demung lan saron barung,
slenthem mainake lagu balungan karo wilah sing terbatas.
Wujud slenthem iki meh padha
karo gendér.
Ananging gedhe wilahé luwih gedhe tinimbang gendér.
Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesi kang
nduwéni titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pring kanggo
mbanteraké swara.
3. Panerusan
a. Bonang
Bonang iku salah siji
perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan
diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2 jinis bonang yaiku:
1) Bonang
Barung
Bonang Barung yaiku salah sawijiné
bageyan perangkat Gamelan Jawa kang
duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon.
Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog.
Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang
Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka
kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangaké
ing tali kang diarani Pluntur.
Bonang
panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining
perangkat Gamelan Jawa kang
duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon.
Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha
karo Bonang
barung. Laras sléndra wilahé
ana 12 cacahé,
banjur kang laras pélog wilahé
ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka
kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang
barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé
cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang
dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang
cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kain lan Pluntur.
b. Siter
Siter iku piranti gamelan sing
dipetik kaya gitar.
Cacah senare ana 11 pasang
utawa kadang 12 pasang.
Siter iki fungsine pada karo Celempung.
c. Suling
Suling iku salah siji piranti musik sing
disebul. Fungsiné kanggo nambah swara-swara ing melodi. Ing musik gamelan Jawa,
suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog.
Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo ing gamelan Sundha.
Digawé saka pring,
dawané kira-kira setengah meter. Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké
liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé
gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
d. Gambang
Gambang iku salahsiji
perangkat gamelan Jawa,
lan gamelan Bali uga
ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang, sing digawé saka wilah-wilah kayu sing
umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing
sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké
swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné,
wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing
bolongan sing cacahé loro saben wilah.
4. Kendhang
a. Kendhang
Kendhang iku salah sijining
piranti gamelan Jawa sing
ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji,
dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki
digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah
panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik
gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan
ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang
bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé
tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening
panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
Ana 4 jinis kendhang sing umum
dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)
Kendhang
gendhing utawa kendhang
ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
Kendhang
batangan utawa ciblon
Kendhang
ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
Piranti gamelan iki
fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur
tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing
reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.
Sumber : https://rallaznet.blogspot.com/2017/11/makalah-bahasa-jawa-tentang-gamelan.html?m=1
https://bsd.city/review-lengkap-alat-musik-gamelan-mulai-sejarah-hinga-ragam-jenisnya/
https://blogkulo.com/gamelan-jawa/
Sumber : https://rallaznet.blogspot.com/2017/11/makalah-bahasa-jawa-tentang-gamelan.html?m=1
https://bsd.city/review-lengkap-alat-musik-gamelan-mulai-sejarah-hinga-ragam-jenisnya/
https://blogkulo.com/gamelan-jawa/
IG: @juliyastyles_
I PURPLE YOU
I PURPLE YOU
MATUR NUWUN


Mantap sekali
BalasHapusHuaaa tencu.
HapusSangat bagus, membantu banget ^^
BalasHapusBagus banget. Membantu
BalasHapusSangat bagus
BalasHapusBagossss
BalasHapusBagus
BalasHapusbaguss nii
BalasHapusMembantu
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusSangat membantu , terimakasih
BalasHapusBermanfaat dan menginspirasi.
BalasHapusVery good
BalasHapusMaterinya bagus
BalasHapusMaterinya bagus
BalasHapusSangat bermanfaat, Terimakasih
BalasHapusBagus, sangat membantu
BalasHapusBagus
BalasHapusBagus
BalasHapusBaguss, sangat membantu, makasih infonya yaa
BalasHapusWahh sangat bermanfaat nihh, sekalian nambah ilmu
BalasHapusSuka
BalasHapusSuka
BalasHapusSangat membantu
BalasHapus