Sabtu, 18 Januari 2020

PAWARTA

1.       Pangertene pawarta
pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, dilumantarke wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor iki :
         Tinemu ing akal (penalaran logis).
         Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.
         Struktur basa trep.
         Diksi trep ora ambigu.
         Narik kawigaten.
         Basa kang nengsemake.
Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawasesorah jawakumpulan cerita bahasa jawacerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

2.       Perangane pawarta
    Perangane pawarta ing antarane yaiku :
a.       Headline (judul/irah-irahan).
b.      Deadline (batas wektu).
c.       Lead (teras pawarta).
d.      Body language (surasane pawarta/bahasa tubuh).

3.       Unsur-unsur pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan. Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W (what,where,when,why,who) + 1H (how) –(apa,ing ngendi,kapan,kenang apa,sapa,kepiye).
Apa         = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa        Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan     Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye   Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi  = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa = Merga apa kedadean kasebut dumati.

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau.

4.       Sifat pawarta
a.       Aktual (anyar).
b.      Jarak (adoh/cedhak).
c.       Penting.
d.      Akibat.
e.      Congkrah/konflik.
f.       Tintrim (ketegangan).
g.      Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi.
h.      Emosi.
i.       Humor.
j.       Narik kawigaten
k.      Cekak Aos
i.      Jangkep / komplit

5.       Nilai pawarta
Ngenani nilai pawarta, ana pangerten kang ngandharake patang nilai pawarta
(Syamsul M.Romli), yaiku :
a.       Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa-bisane ngandharake sawijining bab/prastawa kang anyar.
b.      Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata, panemu, lan pratelan sumber pawarta.
c.       Penting, yaiku sesambungan karo wong akeh.
d.      Menarik, yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane.

6.       Etika nulis pawarta
         Objektif
         Cover both side.

7.       Teknik nulis pawarta
a.       Pengorganisasian/ngumpulake fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis.
b.      Nemtokake teras berita (lead).
c.       Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsa.
d.      Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.

8.  Tuladhane pawarta

                                                           
 Banjir Jakarta 

Saakeh 1.000 omah neng Kelurahan kampung Pulo, Kecamatan desa Melayu, Jatinegara, Jakarta wetan, ditempuh banjir nang dina Minggu (28/11/2015) esuk. Saakeh 21 warga ngungsi neng posko pengungsi paling cedhak. Sementara, turahe nguwawa neng lantai loro omahe dhewe-dhewe.

Lurah desa Melayu Bambang Pangestu ngungkapke, saakeh 1.000 omah kuwi ana ing wolu RW sing ana neng kampung Pulo. Ana dene kedhuwuran rai banyu neng omah kesebut kawruhan bervariasi. Titik terendah yakni 20 sentimeter sementara titik paling jerone yakui 300 centimeter utawa 3 meter.

 "Ana 1.528 kepala keluarga lan 3.787 wong sing dadi korban. Ana 21 jiwa neng RT 11 RW 03 sing ngungsi neng Masjid Attawabin," ujar Bambang ing pesan singkat, Minggu awan.

Bambang mbanjurke, elingan saka lawang banyu Depok pirang-pirang ndina sadurunge, udan deres sing nempuh Ciawi, Jawa Barat ngakibatake rai banyu neng lawang banyu Depok ningkat dadi 280 centimeter utawa Siaga III (telu). Anyak iku ngendem area pekarangan neng desa Pulo gebug 04.00 WIB lan memoni puncake yakiku gebug 10.00 WIB.

Miturut Bambang, status desa Pulo sing nyat dadi wilayah pasang-surut banyu neng kali Ciliwung ora dadi kepanikan wargane. Kondisi kesebut, tembung Bambang, ora berpengaruh signifikan nang aktivitas warga. Warga tetap nglakoke kemempengan sabaene.

"Nangiing awake dhewe ora oleh ceroboh. Kabeh fasilitas, kaya ta tenaga medis, jamu-jamon lan liya-liya wis siap. Yen panganan, warga isih bisa mangsak neng lantai loro," banjur Bambang.

Saiki, warga mung bisa pasrah nunggu banyu surut. Neng sisi liya, warga desa sing arep direlokasi pamerentah Provinsi DKI Jakarta kuwi uga ngarep-arep supaya cuaca cerah.

https://pawartabahasajawa.blogspot.com/2015/11/banjir-ngrendem-sewu-omah.html

IG: @juliyastyles_
I PURPLE YOU

MATUR NUWUN 


30 komentar:

  1. Bermanfaat dan menginspirasi.

    BalasHapus
  2. Bermanfaat kanggo sinau😁,matur nuwun🙏🙏🙏

    BalasHapus
  3. Bagus sangat bermanfaat sekali lanjutkan memberi byk info

    BalasHapus
  4. Bagus sangat bermanfaat sekali lanjutkan memberi byk info

    BalasHapus
  5. Wahh bagus bgt penulisannya, mudah dipahami

    BalasHapus